John 13:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesu wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Riyaya Paskah wis kurang sedina. Gusti Yésus wis ngerti nèk saiki Dèkné kudu ninggal jagat kéné lan kudu budal nang nggoné Gusti Allah Bapaké. Gusti Yésus pantyèn nrésnani murid-muridé sing nang jagat kéné lan saiki Dèkné kepéngin nduduhké nèk katrésnané Dèkné langgeng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika arep tekané dina riyaya Paskah, Yésus wis weruh, yèn wis tekan wantyiné enggoné bakal lunga sangka ndonya iki nemoni marang Bapak. Pada kayadéné Panjenengané enggoné tansah trésna marang para duwèké ing ndonya, mengkono uga saiki Panjenengané enggoné trésna kuwi nganti tekan ing pungkasané.