John 13:28 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging murid-muridé ora dunung sing diomong Gusti Yésus marang Yudas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ora ana wong siji-sijia ing antarané para muridé sing pada kembulan kuwi sing mengertèni, apa karepé Yésus ngomong mengkono marang Yudas kuwi.