John 15:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Semunggoné Aku ora ngujutké tembungku nganggo tanda sing nggumun-nggumunké, sing durung tau ditindakké karo wong liyané, wong-wong kuwi blas ora kenèng disalahké. Nanging wong-wong pada weruh sembarang-mbarang kuwi karo mripaté déwé, senajan ngono meksa ijik sengit marang Aku lan sengit marang Gusti Allah Bapakku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn Aku ora nindakké penggawéané ing tengahé wong-wong kuwi, sing durung tau ditindakké karo wong liyané, mesti ora pada dosa. Nanging saiki senajan wis pada weruh marang kuwi kabèh, wong-wong kuwi pada sengit marang Aku lan marang Bapak-Ku.