John 16:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging tenan, luwih apik kanggo kowé nèk Aku lunga, supaya Aku bisa ngongkon Roh Sutyi, Penulungmu, teka. Nèk Aku ora lunga, Dèkné ora bakal teka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging sing Tak omongké marang kowé iki bener: Luwih maédahi kanggo kowé, yèn Aku lunga. Awit yèn Aku ora lunga, Juru Pitulung kuwi ora bakal nekani kowé, nanging yèn Aku lunga, Aku bakal ngongkon Juru Pitulung marang kowé.