John 17:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku saiki arep lunga sangka jagat iki, Aku arep balik nang nggonmu menèh, nanging murid-murid iki tak tinggal nang kéné. Duh Bapakku sing sutyi, Aku nyuwun, murid-murid iki sing wis mbok pasrahké marang Aku, mbok dipageri karo kwasané jenengmu. Aku nyuwun supaya pada bisa bebarengan dadi siji ing sembarang, kaya Awaké Déwé iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula wis ora ing ndonya menèh, nanging wong-wong kuwi ijik ing ndonya, lan Kula teka marang Panjenengan. Duh Bapak sing Sutyi, wong-wong kuwi supaya Panjenengan rumat ing asma Panjenengan, ya kuwi asma Panjenengan sing wis Panjenengan kèkké marang Kula, supaya wong-wong iki pada dadi siji kaya Panjenengan karo Kula.