John 17:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana, wiraosing Kitab Suci.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Suwéné Aku nang jagat kéné Aku déwé sing nuntun nganggo kwasané jenengmu lan ora ènèng sing mbalik dalan karusakan, kejaba mung siji. Pantyèn sing siji kuwi wis nduwé karep ala, supaya apa sing wis ketulis nang Kitab klakon tenan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak suwéné Kula nunggal karo wong-wong kuwi, Kula sing njaga ing asma Panjenengan, sing wis Panjenengan kèkké marang Kula; Kula wis njaga wong-wong kuwi lan ora ana wong siji waé sing ilang, kejaba mung wong sing wis mesti rusak, supaya bener isiné Kitab.