John 17:23 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Dadiné Kowé urip ing Aku lan Aku urip ing atiné wong-wong kuwi lan kabèh bisa dadi siji, kaya sing mbok karepké. Nèk bisa ngono jagat bakal pretyaya nèk Kowé sing ngongkon Aku lan uga bisa pretyaya nèk Kowé trésna tenan marang manungsa, kaya enggonmu trésna marang Aku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula ing wong-wong kuwi lan Panjenengan ing Kula supaya sampurna enggoné dadi siji, lan supaya jagat ngerti, yèn Panjenengan sing wis ngutus Kula lan yèn Panjenengan nrésnani wong-wong kuwi kaya anggèn Panjenengan nrésnani Kula.