John 17:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
“Wong-wong sing wis mbok pilih sangka donya lan mbok pasrahké marang Aku kuwi saiki wis pada ngerti Kowé kuwi sapa, awit Aku wis ngétokké Kowé marang wong-wong kuwi. Wong-wong iki mauné wèkmu, nanging saiki wis mbok pasrahké marang Aku. Pantyèn wong-wong iki pada nampa pituturmu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula wis nggelarké asma Panjenengan marang para wong sing Panjenengan kèkké marang Kula sangka jagat. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan lan wis Panjenengan kèkké marang Kula, lan wis pada nuruti tembungé Panjenengan.