John 19:26 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus weruh ibuné karo rasul Yohanes. Rasul Yohanes kuwi murid sing disenengi tenan karo Gusti Yésus. Gusti Yésus terus ngomong marang ibuné: “Bu, kuwi anakmu!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Yésus weruh ibuné lan muridé sing ditrésnani ngadek sak tyedaké kono, terus ngomong marang ibuné: “Ibu, kuwi anakmu!”