John 4:23 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ora dadi sebab nang panggonan endi awaké déwé sing nyembah Gusti Allah, nanging sing dadi sebab kuwi kepriyé awaké déwé sing nyembah. Panyembah sing sak mestiné kuwi panyembah sing sangka Roh Sutyi lan sangka ati sing resik. Gusti Allah kepéngin disembah mengkono kuwi. Pantyèn, wiwit saiki manungsa bisa nyembah Gusti Allah sing sak beneré.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bakal ana wantyiné, malah saiki wis tekan wantyiné para wong ngabekti sing sejati kuwi enggoné pada ngabekti marang Bapak ing sak njeruhné Roh lan kabeneran, awit para wong sing kaya mengkono kuwi sing dikarepké karo Bapak.