John 4:47 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wongé krungu nèk Gusti Yésus wis balik nang Galiléa, wis ora nang Yudéa menèh. Anaké wongé lara nemen, wis arep mati, mulané wongé terus mara nang nggoné Gusti Yésus lan nyuwun Dèkné supaya mèlu mulih nambani botyahé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika pegawéné mau krungu kabar yèn Yésus sangka Yudéa teka ing Galiléa, terus nemoni Panjenengané lan njaluk supaya gelem teka maraské anaké, awit anaké kuwi wis mèh mati.