Jonah 1:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono pangucape wong akeh marang Nabi Yunus: “Sumangga kula sampeyan sukani sumerep, sinten ingkang njalari kula sami kadhatengan bilai makaten punika? Padamelan sampeyan punapa lan asal sampeyan saking pundi, ing pundi nagari sampeyan, sarta bangsa punapa sampeyan punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono semauré wong okèh marang Yunus: “Hayuk kita sampéyan kèki ngerti, sapa sing njalari kita pada katekan tyilaka mengkéné kuwi? Penggawéan sampéyan kuwi apa lan asal-usulé sampéyan sangka ngendi, ing ngendi negara sampéyan, lan bangsa apa sampéyan kuwi?”