Joshua 10:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Srengéngé terus mandek, lan mbulan uga ora mingset, nganti tekan sak rampungé wong Israèl enggoné males nyerang marang mungsuhé. Bab kuwi wis ketulis ing Kitabé Wong Jujur? Srengéngé mandek ing tengahé langit lan alon-alon mingslep nganti tekan sedina muput.