Joshua 10:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kaya mengkono enggoné Yosua ngalahké negara kuwi kabèh, ing pegunungan, ing negara Negeb, ing bawah Pegunungan lan ing pèrèngané gunung uga ratuné, ora ana wong siji-sijia sing bisa utyul, kabèh sing ambekan pada dipatèni, kaya sing wis dadi préntahé GUSTI, Gusti Allahé Israèl.