Joshua 10:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong Gibéon terus pada kongkonan menyang ing ngarepé Yosua ing tarupé ing kuta Gilgal, tembungé: “Supaya aja nganti négakké para abdi sampéyan, gelis tekaa menyang panggonan kula, ngluwari lan mitulungi kula, awit kabèh ratu-ratuné bangsa Amori sing ana pegunungan pada bebarengan nglawan marang kula.”