Joshua 12:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki pratelan bab para ratuning nagara kang padha dikalahake dening Senapati Yusak lan wong Israel ana ing sakulone bengawan Yarden, wiwit ing Baal-Gad ana ing lebaking gunung Libanon tutug ing pagunungan Gundhul, kang munggah ing penere Seir, nagara iki diparingake Sang Yusak marang para talere Israel minangka darbeke miturut pandumane dhewe-dhewe:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki bab para ratuné negara sing pada dikalaké karo Yosua lan wong Israèl ing kuloné laut Yordan, wiwit ing Baal-Gad ing legokané gunung Libanon tekan ing pegunungan Gundul, sing munggah ing peneré Seir, negara iki dikèkké Yosua marang para taleré Israèl kanggo duwèké miturut pandumané déwé-déwé.