Joshua 14:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki GUSTI wis njaga urip kula kaya sing dadi perjanjiané. Saiki wis patang puluh lima taun, wiwit waktu GUSTI ngomong mengkéné iki marang Moses, lan ing sak suwéné iki wong Israèl nglembara ing ara-ara samun. Dadiné saiki kula wis umur wolung puluh lima taun.