Joshua 14:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong Yéhuda pada nemoni marang Yosua ing Gilgal. Ing waktu kuwi Kalèb anaké Yéfuné, wong Kénas ngomong marang Yosua: “Sampéyan wis ngerti tembungé GUSTI marang Moses, abdiné Gusti, sing gegandengan karo kula uga kanggo sampéyan ing Kadès-Barnéa.