Joshua 15:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saka ing kono wates iku munggah metu ing Lebak Ben-Hinom, nurut ing ereng-erenge gunung Yebus sisih kidul, iya iku ing Yerusalem, banjur munggah maneh tutug ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Lebak Hinom ing sisih kulon, ing pungkasane lebake wong Efraim, kang sisih lor.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka kono wates kuwi munggah metu ing Panggonan Ben-Hinom, nurut ing pèrèng-pèrèng gunung Yébus sisih kidul, ya kuwi ing Yérusalèm, terus munggah menèh tekan ing putyuké gunung-gunung ing ngarepé legokan Hinom ing sisih kulon, ing pungkasané legokan wong Efraim, sing sisih lor.