Joshua 16:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono kang undhiane oleh bani Yusup. Tapel-watese wiwit ing bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho, ing sawetane sumber-sumber ing Yerikho, ngancik ing ara-ara samun kang saka Yerikho munggah menyang ing pagunungan, menyang ing Betel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono dilotré menèh sing olèh turunané Yosèf. Tapel watesé wiwit ing laut Yordan ing sak tyedaké kuta Yériko, wétané sumber-sumberé ing Yériko, wiwit ing ara-ara samun sing sangka Yériko munggah menyang ing pegunungan, nganti tekan ing Bétel.