Joshua 17:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bani Yusup banjur padha matur marang Senapati Yusak mangkene: “Punapaa dene kula kok namung panjenengan paringi saundhian saha tanah-pusaka namung pasiten, mangka kula punika bangsa ingkang kathah jiwanipun, amargi saking berkahipun Sang Yehuwah dhateng kula ngantos sapriki punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Turunané Yosèf terus pada ngomong marang Yosua mengkéné: “Kenèng apa kula kok mung sampéyan kèki sak lotré lan tanah panduman mung sak tanah, nanging kula kuwi bangsa sing okèh tyatyahé, awit sangka berkahé GUSTI marang kula nganti saiki?”