Joshua 19:49 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé wong Israèl rampung enggoné pada ngedum negara kuwi dadi tanah pandumané miturut panggonan-panggonané, wong Israèl terus pada ngekèki tanah panduman marang Yosua, anaké Nun ing sak tengahé.