Joshua 19:51 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi mau tanah panduman sing pada didum-dumké karo tyara dilotré ing Silo karo imam Eléazar lan Yosua, anaké Nun lan para penggedéné taler ing ngarepé GUSTI, ing ngarepé lawang Tarup-kumpulan. Mengkono enggoné pada ngrampungké pandumané negara kuwi.