Joshua 20:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yaiku kutha-kutha kang ditetepake kanggo wong Israel kabeh lan kanggo para wong neneka kang ana ing tengahe, supaya kenaa diungseni sok wonga kang gawe pati klawan ora ditemaha, aja nganti dipateni kang nedya njaluk supaya nyaur pati, sadurunge wong mau kaladekake marang ing parepataning pasamuwan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya kuwi kuta-kuta sing ditetepaké kanggo wong Israèl kabèh lan kanggo para wong mantya ing tengahmu, supaya kenaa kanggo ngungsi sapa waé wongmu sing nggawé pati karo ora disengaja, aja nganti dipatèni sing arep njaluk mbales pati, sak durungé wong mau dipasrahké marang ing pengadilané pasamuan.