Joshua 22:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn tanah duwèkmu kuwi kanggonan reget, mara ta pada nyabranga menyang ing tanah duwèké GUSTI, ing panggonané Tarup Sutyiné GUSTI, lan pada manggona ing tengahku kana. Mung waé aja nglawan marang GUSTI, lan ya aja nglawan marang kita karo nggawé mesbèh kanggo awakmu déwé, kejaba sangka mesbèh duwèké GUSTI, Gusti Allah kita.