Joshua 22:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
mung supaya mesbèh kuwi dadi seksi ing antarané kula karo sampéyan lan ing antarané turunan kita ing sakwisé kita, yèn kita bakal pada tetep ngabekti marang GUSTI ing ngarepé nganggo kurban obongan, kurban sing dibelèh, lan kurban keslametan; supaya anak putu sampéyan ing mbésuk aja nganti ngomong marang anak putu kita: Kowé pada ora nduwé panduman kanggo GUSTI.