Joshua 22:28 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak terusé kita pada omongan: Yèn mbésuk pada nduwé tembung marang kita utawa marang turun kita kaya mengkono, terus kita bakal pada nyauri: Pada delengen ta modèlé tiruan mesbèhé GUSTI gawèané para leluhurmu; kuwi ora kanggo kurban obongan, kurban panganan utawa kurban sing dibelèh, nanging kuwi dadi seksi ing antarané kita lan kowé.