Joshua 22:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Imam Pinehas bin Eleazar karo para panggedhe mau banjur padha nilar bani Ruben lan bani Gad ing tanah Gilead, kondur menyang ing tanah Kanaan, manggihi wong Israel klawan ngluntakake pawarta mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Imam Pinéhas, anaké Eléazar karo para penggedéné mau terus pada ninggalké turunané Rubèn lan turunané Gad ing tanah Giléad, mulih menyang tanah Kanaan, nemoni wong Israèl karo nglaporké kabar mau.