Joshua 22:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saiki GUSTI, Gusti Allahmu wis ngekèki tentrem marang para sedulurmu, kaya sing wis dadi perjanjiané; mulané saiki kowé pada muliha menyang tarupmu, ya menyang tanah duwèkmu, pawèhé Moses abdiné GUSTI marang kowé ana sabrangé laut Yordan.