Joshua 22:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging kanggo taler Manasé sing separo kuwi wis pada dikèki panduman karo Moses ing negara Basan; nanging separoné wis dikèki panduman karo Yosua ing antarané para seduluré ing kuloné laut Yordan. Kuwi wis uga dililani mulih menyang ing tarupé karo Yosua lan pada disangoni berkah,