Joshua 24:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit GUSTI, Gusti Allah kita, kuwi sing wis ngetokké kita sangka negara Egipte, panggonan penggawéan peksa lan sing wis nindakké tanda-tanda mujijat sing gedé kuwi ing ngarep mripat kita lan uga sing wis njaga kita ing sak uruté dalan sing kita liwati lan ing antarané kabèh bangsa sing kita liwati tanahé.