Joshua 24:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yosua terus ngomong marang bangsa kuwi kabèh: “Tembungé GUSTI Gusti Allahé Israèl mengkéné: Dèk mbiyèn leluhurmu pada manggon ing sabrangé kali Efrat ya kuwi Térah bapaké Abraham lan Nahor, lan pada ngabekti marang allah liyané.