Joshua 24:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene wong Israel iku tetep anggone padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan ing jamane para tuwa-tuwa kang umure luwih dawa tinimbang Senapati Yusak mau lan kang padha menangi sakehing pandamele Sang Yehuwah kang wus katindakake kanggo wong Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong Israèl kuwi tetep enggoné pada ngabekti marang GUSTI selawasé uripé Yosua lan ing jaman para tuwa-tuwané sing umuré luwih dawa tenimbangané Yosua mau lan sing pada menangi kabèh sing ditandangi GUSTI sing wis ditindakké kanggo wong Israèl.