Joshua 24:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjeneengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para leluhurmu terus pada sambat marang GUSTI, Panjenengané terus nekakké peteng ndedet ing antarané kowé lan wong Egipte lan nekakké banyu segara, terus wong Egipte kuwi pada ketutupan ing segara. Mripatmu wis pada weruh déwé apa sing Tak tibakké marang Egipte. Sakwisé mengkono leluhurmu pada manggon ing ara-ara samun nganti suwé.