Joshua 24:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuli sira padha Sunirid lumebu ing nagarane wong Amori kang manggon ana ing sabrange bengawan Yarden. Iku padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira, temah nagarane banjur sira ejegi lan wonge padha Sunsirnakake saka ing ngarepira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus kowé pada Tak tuntun mlebu ing negarané wong Amori sing manggon ing sabrangé laut Yordan. Waktu pada nglawan perang marang kowé, pada Tak pasrahké ing tanganmu, nganti kok kwasani lan wong pada Tak entèkké sangka ngarepmu.