Joshua 6:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kabèh terus pada surak-surak ya kuwi; sakwisé wong sak bangsa kabèh krungu swarané trompèt terus pada surak-surak karo swara banter. Dadakan témboké ambruk, lan wong kabèh terus pada munggah ing kuta, siji-sijiné mlaku maju menyang ngarep lan ngrebut kuta mau.