Joshua 7:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
ing antawasipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ing tengah-tengahé barang sing direbut kuwi, kula ndelok ana jubahé siji sing apik, gawéan Sinéar lan slaka 200 sèkel, uga emas sak lonjor boboté sèket sèkel; awit sangka kepéngin terus kula tyolong; lan barangé pada kula delikké ing lemah ing njeruhné tarup kula, slakané ing ngisor déwé.”