Joshua 8:24 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, -- anggone padha ngoyak mrono iku -- lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng bangsa Israèl wis rampung enggoné matèni kabèh wong kuta Ai ing ara-ara sing kebukak, - enggoné pada ngoyak mrana kuwi - lan sakwisé kabèh pada dipatèni karo landepé pedang, nganti resik, wong Israèl kabèh terus pada bali menyang ing kuta Ai lan merangi kuta kuwi karo landepé pedang.