Joshua 8:33 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong Israèl kabèh, para pinituwané, para penggedéné perjurité lan para rèkter pada ngadek ing sak kiwa-tengené peti, adu-arep karo para imam sing pantyèn sangka taler Lévi sing ngusung peti perjanjiané GUSTI, ya wong mantya ya wong Israèl, sak bagéan madep menyang gunung Gérisim, sak bagéan madepa menyang gunung Ebal kaya sing mbiyèn dipréntahké karo Moses, abdiné GUSTI, yèn wong mberkahi bangsa Israèl.