Jude 1:11 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bilai wong-wong iku, sabab padha mulad lakune Kain lan nyemplung ing panasarane Bileam, marga saka mburu opah, sarta padha tumpes, marga saka anggone mbalela kayadene Korakh.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Tyilaka banget wong-wong kuwi! Pada niru klakuané Kain, sing nyengiti lan matèni adiké. Wong-wong kuwi klakuané kaya Biléam, nabi sing mata-duwiten lan uga kaya Korah, sing ora gelem manut marang Gusti Allah. Entèk-entèké wong-wong iki bakal dirampungké karo Gusti Allah, tunggalé karo Korah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tyilaka wong-wong kuwi, awit pada mèlu mlaku ing dalan sing dilakoni karo Kain lan awit nguber upah, njegur ing penyasarané Biléam, nganti pada entèk, awit enggoné mbruntak kayadéné Korah.