Jude 1:23 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ditarik supaya ora katut tiba nang geni. Nanging nèk nulungi wong liyané kowé kudu sing ati-ati karo awakmu déwé, awit wong-wong kuwi dosané sampèk mbludak. Sangking kebatyuté wong-wong kuwi wis ora bisa nutupi klakuané, kaya-kaya saliné kabèh wis gupak dosané. Wong kaya ngono kuwi kudu mbok edohi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kuwi pada slametna karo tyara direbut sangka geni. Nanging kétokna welas-asihmu karo rasa wedi marang wong-wong liyané uga, lan pada sengita marang sandangané wong-wong sing diregeti karo kepénginan-kepénginané dosa.