Jude 1:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kowé mesti uga kélingan bab para mulékat sing ora pada trima marang Gusti Allah, malah pada ninggal panggonané. Mulékat-mulékat kuwi dikapakké karo Gusti Allah? Kabèh disetrap nang panggonan sing peteng ndedet. Disetrap nang kono tekan mbésuk ing dina kruton sing medèni.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkono uga, para mulékat sing ora pada manut marang wates-watesé kwasané, nganti ninggal panggonan sangkané, bakal diukum karo tali banda sing langgeng ing pepeteng, nganti tekané pengadilan ing dina gedé,