Judges 1:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Adoni-Bèsèk: “Sak durungé ana ratu pitung puluh pada ndlosor ing ngisoré méjaku, nglumpukké turahané pangan, kabèh pada tak ketoki jempolané tangan lan sikilé; kaya sing wis kula tandangi, ya mengkéné mbalesé Gusti Allah marang kula.” Adoni-Bèsèk mau terus digawa menyang ing Yérusalèm lan mati ing kono.