Judges 10:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para panggedhening bangsa ing Gilead padha sapocapan: “Sapa ta kang wani miwiti perang nglawan bani Amon iku? Iku kang pantes dadi panggedhening sakehe wong Gilead.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para penggedéné bangsa ing Giléad pada rerasanan: “Sapa ta sing wani miwiti perang nglawan turunané Amon kuwi? Kuwi sing bakal pantes dadi penggedéné sakkèhé wong Giléad.”