Judges 11:34 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarawuhe Sang Yefta ana ing Mizpa nyelaki daleme, putrane putri medal methukake klawan tetrebangan lan beksa. Dene putrane iku ontang-anting; ora ana maneh putrane kang liya kakung utawa putri.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Yéfta mulih menyang ing Mispa nyedekki omahé, anaké wadon metu metuk karo terbangan lan jogètan-jogètan. Nanging anaké kuwi ora ana tunggalé; ora ana menèh anaké sing liyané lanang utawa wadon.