Judges 11:36 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature kang putra marang Sang Yefta: “Dhuh, rama, manawi panjenengan sampun nglairaken nadar konjuk dhumateng Sang Yehuwah, inggih sumangga kula panjenengan punapakaken kemawon, ingkang laras kaliyan nadar panjenengan punika, amargi Sang Yehuwah sampun malesaken panjenengan ing sakatogipun dhateng mengsah panjenengan, bani Amon.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé anaké marang Yéfta: “Duh, bapak, yèn sampéyan wis nglairké janji ngadep marang GUSTI, ya kono kula sampéyan kapakké waé, sing tyotyok karo janji sampéyan kuwi, awit GUSTI wis mbales sampéyan marang mungsuh sampéyan, turunané Amon.”