Judges 12:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
banjur dikon muni: “Syibolet.” Saupama anggone ngucapake: sibolet, dadi ketara yen ora teteh pakecapane, banjur dicekel lan dipateni ana ing pasabrangane bengawan Yarden kono. Ing wektu samana wong Efraim kang dipateni ana patang puluh loro ewu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
terus dikongkon ngomong: “Syibolèt.” Yèn enggoné ngutyapké: sibolèt, dadi ketara yèn ora tètèh pangutyapé, terus dityekel lan dipatèni ing sabrangané laut Yordan kono. Ing waktu semono wong Efraim sing dipatèni ana 42.000.