Judges 13:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pak Manoakh tumuli nyenyuwun marang Sang Yehuwah unjuke: “Dhuh Pangeran, kawula nyuwun mugi abdinipun Gusti Allah utusan Paduka punika wau manggihana kawula kekalih sarta mulanga dhateng kawula punapa ingkang perlu kawula lampahi tumrap lare ingkang badhe lair punika.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Manoak terus ndedonga marang GUSTI tembungé: “Duh Gusti, kula njaluk muga abdiné Gusti Allah kongkonan Panjenengan kuwi iki nemoni kula wong loro lan mulangké marang kula apa sing perlu kula lakoni kanggo botyah sing bakal lair kuwi.”