Judges 14:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong iku banjur padha dipangandikani dening Sang Simson: “Sumangga, panjenengan sami kula caosi cangkriman, manawi ing salebetipun pahargyan pitung dinten punika panjenengan saged maringi batanganipun ingkang trep, panjenengan sami badhe kula caosi rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji, tuwin panganggen pameran tigang dasa pangadeg.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kuwi terus pada diomongi karo Simson: “Hayuk, sampéyan pada kula kèki bedèkan, yèn ing njeruhné pésta pitung dina kuwi sampéyan bisa ngekèki jawabané sing tyotyok, sampéyan pada bakal kula kèki klambiné rangkepan mori alus telung puluh iji, lan sandangan apik telung puluh kanggo penggedé.