Judges 14:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawi panjenengan boten saged mbadhe, dados panjenengan ingkang kedah maringi dhateng kula rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji saha panganggen pameran tigang dasa pangadeg.” Pangucape wong mau marang Sang Simson: “Sumangga panjenengan wedharaken cangkrimanipun, badhe kula pirengaken.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn sampéyan ora bisa mbedèk, dadi sampéyan sing kudu ngekèki marang kula klambiné rangkepan mori alus telung puluh iji lan sandangan apik telung puluh pengadek.” Semauré wong mau marang Simson: “Hayuk sampéyan omongaké bedèkanmu, bakal kita rungokké.”